Syafi Rilla S. Maghfuroh - Sairis Semangka
Buku Syafi Rilla S. Maghfuroh - Sairis Semangka
Yen dirasakake kanthi tenanan, buku "Sairis Semangka" karyane Syafi Rilla S.
Maghfuroh iki ora mung saderma ngangkat crita-crita ngenani katresnan. Ing
sawalike masalah kang kudu diadhepi lan dipecahake para paraga-paragane,
nyatane ana sawijining piwulang kang bisa dijupuk lan sabanjure bisa
didadekake sangu leladi tumrap pamacane.
Crita kang runtut, pamilihing basa kang 'ramah' kanggo generasi milenial,
tema-tema kang kekinian, tanpa ninggal rasa Jawa-ne sajroning crita kang
kaanggit mujudake kaluwihane Syafi Rilla S. Maghfuroh. Ing perangan liya,
lumantar bukune iki kasil mbuktekake yen crita-crita roman basa Jawa bisa
mlaku bebarengan klawan ilining jaman tanpa kudu ninggal utawa nerak
paugeran. Saengga panganggep sastra Jawa, mligine crita-crita romane wis
kuna merga ora laras klawan lakuning jaman sawutuhe kliru.
Zuly Kristanto, Penulis Buku Wacan Bocah Kecap Nomer Siji.
Judul: Sairis Semangka
Penulis: Syafi Rilla S. Maghfuroh
Penerbit: Interlude
Tahun Terbit: 2021
Halaman: 128 hlm.
Kategori: Cerpen
Kelas: Sosial
ISBN: 978-623-7676-96-6
Link pembelian buku via marketplace:
BUKALAPAK | TOKOPEDIA | SHOPEE