Iman Budhi Santosa - Sesanti Tedhak Siti
Rp35.000
ITD0010
Buku Iman Budhi Santosa - Sesanti Tedhak Siti
Judul: Sesanti Tedhak Siti
Penulis: Iman Budhi Santosa
Penerbit: Interlude
Tahun Terbit: 2015
Halaman: 60 hlm.
Kategori: Puisi
Kelas: Sastra
ISBN: 978-602-71899-8-0
Link pembelian buku via marketplace:
BUKALAPAK | TOKOPEDIA | SHOPEE
Buku Iman Budhi Santosa - Sesanti Tedhak Siti
Dina iki tekan titi wanci kowe ajar mbrangkang
lan trantanan. Ajar tiba ngrasakake lara
mburu sabarang kalir kang ginelar ing alam padhang
Dina iki kowe mlebu kurungan kebak dolanan
ijen dadi tontonan. Ajar sinau ngadhepi pepesthen
mbedakake kasunyatan sing katon lan pangimpen
Sesuk kowe bakal ngerti carane mbukak kurungan
endi kiwa endi tengen, endi ngisor endi ndhuwur
ngerti ngarep mburi tanpa ana sing mbisiki
Mbesuk kowe bakal gawe kurungan dhewe
saka pring apa kayu, papanmu cethik geni
nyumed lampu, leren sapandurat
ngudang anak sing bakal nulis
dongeng iki dadi buku
Judul: Sesanti Tedhak Siti
Penulis: Iman Budhi Santosa
Penerbit: Interlude
Tahun Terbit: 2015
Halaman: 60 hlm.
Kategori: Puisi
Kelas: Sastra
ISBN: 978-602-71899-8-0
Link pembelian buku via marketplace:
BUKALAPAK | TOKOPEDIA | SHOPEE